No body's Perfect

kamuulah pelengkap hidupkuu

Rabu, 02 November 2011

RAMA SINTA (versi Jawa)

RAMA SINTA

Wonten nagari namanipun Kosala, dumunung ing kutha Ayodya. Ingkang jumeneng nata Prabu Dasarata. Sang Prabu kagungan garwa cacah tiga. Kaliyan Dewi kosalya peputra Rama. Kaliyan Dewi Kekeyi peputra Barata. Dene kaliyan Dewi Sumitra peputra kembar, Lesmana tuwin satrugna.

Prabu Dasarata sampun sepuh sanget. Sang Prabu arsa lereh keprabon. Rama ginadhang-gadhang nggentosi kalenggahanipun ingkang rama. Ananging, Dewi Kekeyi mboten narimakaken manawi Rama kawisudha minangka raja Ayodya. Garwa angka kalih punika ngersakaken Barata, putranipun ingkang jumeneng nata. Kanthi awrat ing manah, panyuwunipun Dewi Kekeyi dipunsembadani dening Prabu Dasarata. Wusananipun Rama kedah nglampahi gesang ing wana dangunipun 14 warsa.

Tindakipun Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah Lesmana. Lampahipun dumugi ing wana Dhandaka. Ing papan punika, tetiganipun kapanggih Sarpakenaka, rayinipun Prabu Rahwana, raja Alengkadiraja. Sarpakenaka ingkang asipat raseksa wanodya punika kepencut kabagusaning Rama. Rama mboten nglanggati. Sarpakenaka lajeng manggihi Lesmana. Lesmana babar pisan boten nggape piyambakipun. Sarpakenaka nesu, ngamuk. Lesmana boten kirang weweka. Raseksa wanodya rayinipun Prabu Dasamuka, lajeng karumpung grananipun saha kaperung talinganipun. Piyambakipun lajeng ngadep ingkang raka. Rakanipun karerepa murih malesaken wirangipun. Prabu Rahwanaraja sagah. Lampahipun Prabu Dasamuka tumuju wana Dhandhaka nitih kreta kencana ngambah jumantara kadherekaken Kala Marica.

Dumugi wana Dhandaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados kidang kencana, kidang elok kang warni asisik emas endah ngelam-elami, ngrengreng merak ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga. Sinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun gawok, tuwuh prentuling manah kepengin ngingah kidang rukmi. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami saha memencut manah punika.

“Dhuh Raden, pangayoming jiwa-raga kula. Ing sangajenging netra wonten kidang kencana ingkang elok ing warni. Inggih nembe sapisan punika kula sumerep wujuding kidang ingkang ulesipun kencana. Mendah senenging manah kula menawi saged ngingah kidang punika minangka panglipuring manah ing salebeting wana ingkang bawera punika,” aturipun Putri Manthili.

“Yayi, salumahing bumi sakureping langit tan ana kang ngembari. Tresnane pun kakang marang sliramu tanpa pepindhan. Labuh tresnaku marang sliramu, saiki uga bakal dakwujudi pepenginanmu. Kidang kang kokarepake bakal dakcekel. Mula lilanana pun kakang linggar saka pakuwon,” ngandikanipun Raden Rama dhumateng ingkang garwa.

“Inggih, Kakangmas. Donga kula saking papan pasutapan tansah umiring tindak paduka,” aturipun Sinta sinarta esem ingkang ngujiwat.

“Ya, Yayi. Welinge pun kakang, aja pisan-pisan metu saka pageripun pakuwon tanpa palilahku. Wis Yayi, karia slamet,” ngandikanipun Raden Rama.

Kidang dipuntut wingking dening Raden Rama arsa kacepeng. Kidang nebih. Rama ngetut malih. Kidang mlajeng sangsaya tebih. Rama ngetog karosanipun kanthi nututi mlajeng. Danguning-dangu plajenging kidang tebih saking dununging pakuwon. Raden Rama suda kasabaripun. Putra Ayodya punika lajeng menthang gendhewa nglepasaken jemparing. Kidang kapanah, kenging cumeprot. Sakala kidang njola, mbekik sarosanipun ngantos kepireng dening Sinta. Pambekiking kidang lamat-lamat kados pisambatipun Raden Rama. Dewi Sinta ndugi bilih Rama manggih katiwasan. Lesmana kapurih nglari puruging swanten. Kanthi gegancangan, Lesmana ngestokaken dhawuh. Samangke Sinta tanpa rowang.

Sumerep ingkang dipunener piyambakan, Rahwanaraja ingkang sampun dumugi sacaketing pakuwon, girang-girang gumujeng salebeting batos. Raja Alengkadiraja nunten mindha-mindha pandhita kesrakat ingkang ngelak saha luwe nyuwun boga-toya ing wiwaraning pager. Sinta welas dhateng kawontenaning pandhita memba-memba. Nalika ngulungakan omben saha tetedhan, tanganipun Sinta kageret dening pandhita memba-memba. Piyambakipun karudapeksa, kalebetaken kreta kencana mumbul nggegana. Badar wujuding pandhita dados Dasamuka, raja Alengkadiraja, inggih rakanipun Sarpakenaka. Taksih njola-njola bangga, jelih-jelih asesambat, Sinta kadhusta dening raja raseksa kabekta dhateng Alengkadiraja.

Jathayu, kagendra, inggih rajaning peksi mitranipun Prabu Dasarata, mireng pisambatipun Sinta. Sareng sumerep anakipun mitranipun dipuncidra dening Rahwana, Jathayu tumunten nututi ngantariksa.

“He, Rahwanaraja! Balekna Dewi Sinta. Apa ora ngreti yen Sang Dewi iku garwane Raden Rama. Apa lekasing raja gung kang kaya mangkono iku pantes lamun tinulad dening para kawula? Mula, sadurunge kebacut, enggal ulungna Putri Manthili, dakpisungsungake maneh marang ngarsane Raden Rama….!” panguwuhing Jathayu.

“Ha…,ha…,ha…,! Dhasar manuk ora ngreti karepe wong gandrung. Ora prelu kowe ngandhani. Aku wes ngreti. Mula, becik kowe balia bae sadurunge dakpothel gulumu, daksempal-sempal swiwimu, dakoklek-oklek sikilmu, dakjabuti wulumu!”

“Minangka mitrane Prabu Dasarata, sapisan maneh dakelingake. Balekna Dewi Sinta apa Dasamuka tumekaning pralaya?”

“E’lhadalah, sapira banggane manuk. Majua leganing atiku!”

Jathayu bandayuda kaliyan Dasamuka. Dedreg udreg-udregan, silih-ungkih. Jathayu arsa ngrebat Sinta, nanging Dasamuka mambengi. Danguning-dangu Jathayu kalindhih. Swiwinipun sisih kering katrajang kridhaning Dasamuka. Sengkleh. Jathayu katelasan daya, katendhang kumleyang ing awang-awang, dhawah ing siti kejet-kejet klebekan.

Dhawahipun Jathayu kepanggih Raden Rama kaliyan Lesmana. Jathayu suka katrangan manawi Sinta kadhustha dening Rahwanaraja. Kekalihipun nututi. Awit saking pambyantunipun wanara seta, nuwun inggih Anoman, Raden Rama dalah rayinipun kasil manggihaken dunungipun Dewi Sinta kasidangaken.

Rahwanaraja boten ngulungaken Dewi Sinta. Bandayuda tan kenging dipunendhani. Dasamuka kajemparing Brahmastha dening Raden Rama, njrebabah ing bantala, pralaya. Rama kapanggih malih kaliyan pepujaning wardaya, Dewi Sinta.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar